c

Monday 23 April 2012

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv – Prasasat saben wewengkon ing Indonesia samangke nedheng mengeti Hari Kartini. Makaten ugi Paguyuban Ringgit Tiyang Tresno Budaya Ngayogyakarta, ingkang mengeti Hari Kartini, kanthi ngadani pagelaran ringgit tiyang, malem minggu (22/4) kala wingi, ing Taman Budaya Yogyakarta. Mapan ing Concert Hall Taman Budaya Yogyakarta, paguyuban ringgit tiyang ingkang dipun pandegani dening Yati Pesek, ngadani pagelaran ringgit tiyang sesirah "Togog Mantu". Ancasing pagelaran kangge mengeti Hari Kartini, sarta kangge nglestantunaken seni ringgit tiyang. Lampahan Togog Mantu, dipun paragani dening 32 paraga ingkang sedayanipun wanita, kanthi bintang tamu garwa Walikota Yogyakarta Tri Kirana Muslidatun sarta Ciblek, seniman saking Banyumas. Togog mantu nyariyosaken Togog, ingkang badhe ndhaupaken putrinipun Kecublak kaliyan Glenter putranipun Semar. Ananging Raja Astina, Prabu Duryudana dumadakan dhawuh supados Kecublak dipun dhaupaken kaliyan Lesmana. Pagelaran ringgit tiyang kasebat, pranyata ndamel keprananipun pamirsa. (Chandra Saputra)

No comments:

Post a Comment