c

Monday 26 January 2009

Wong jawa iku seneng marang basa simbol

IR. H. YUWONO SRI SUWITO, MM

(BUDAYAWAN – KETUA FORUM PELESTARI WARISAN BUDAYA)

Tradisi lan tindakan wong Jawa iku tansah cecekelan marang lara perkara yaiku : Filsafat Hidup kang religius lan mistis sarta Etika Hidup kang njunjung lan nengenake marang babagan moral sarta drajating urip .Wong Jawa anggone nglakoni urip kang kebak makna sarta falsafah kasebut nggunaake basa simbol, perkara iki nduweni maksud yaiku sakliyane supaya gampang anggone ngeling-eling uga supaya cepet rumesep ana ing pikirane wong Jawa kang pancen sakawit para leluhure luwih seneng nggunakake basa simbol mau

Contone, wong Jawa ana ing tingkah lakune nggunakake basa simbol kang ana sambung rapete marang kaluhuraning budi, ing antarane pedoman-pedoman laku utama ana ing Wasiat Cupu Maning Asta Gina kang dinukil dening Budiono Herusatata (1983), yaiku ngenani wolu cecekelan laku tumrape wong Jawa kang aran Asta Brata, kang lengkape :

  1. Wanita (jarwodosoke Wanudya kang pusputa), yaiku wanudya kang sulistyaning warni. Mujudake simbol kaendahan kang ora winates.Kaendahane ora mung ana ing rupa ananging uga ana ing jeroning ati, endah lair tumusing batin, sahengga dadi kaendahan kang sempurna. Keendahan wanita sempurna iku siombol/lambang gegayhaning manungsa. Saben manungsa kang duweni gaegayuhan luhur diibaratke kayadene wong lanang kang kepengen nduweni wanita kang sulistyaning warni minangka jatu kramane. Kanthu nduweni gegayuhan kang luhur mau ataeges saben manungsa kudu mbudidaya kanthi sinau, nyambutgawe, lan ikhtiar kanthi ora kenal sayah lan gampang nglokro kanggo nggayuh gegayuhan mau.
  2. Garwa (jarwadosoke Sigaraning nyawa), Saben bojo lanang iku minangka sigaraningnyawa bojo wadon lan bojo wadon mingka sigaraning nyawa bojo lanang. Suani isteri iku sajiwa rong raga utawa rong awak. Garwa mingka simbol menawa manungsa iku supaya isa nyawiji marang lingkungane, sedulure, lan masyarakate. Kabeh manungsa kudu dianggep kekancaning urip kang nunggal nasip, lan uga isa urip neng masyarakat kanthi rukun lan damai, saling asah, asih lan asuh. antarane siji lan sijine kayadene sapasang bojo(suami isteri), kanco sehidup semati. Iki kabeh ateges menawa manungsa iku kudu duweni budi pekerti kang luhur.
  3. Wisma utawa omah. Yaiku papan kanggo manggon/mapan sawijining keluarga. ana ing omah mau para penghunine pada golek perlindungan saka panase srengenge, telese udan sarta ademe hawa wengi. Sakliyane iku omah uga nduweni fungsi kanggo nyimpen bandha apa wae kang didarbeki dening keluarga. Minangka papan kanggo manggon, omah tansah diatur kanthi rapi dening kang manggon, mengkono uga saben wong perlu niru marang sifate omah, yaiku nisa nampa sapa wae kang mbutuhake marang perlindungane, isa kanggo nampung/nglumpukake lan ngatur kabeh masalah, sarta isa tumindak wicaksana lan ngatur carane nglaerake penemu manut kahanan, waktu lan papan.
  4. Turangga (jarwadosoke tetumpakane prang para punggawa) . Kuda tumpakan perang para prajurit iku nduweni sifat gagah, kuat, lan lincah sahengga isa mlayu banter, isa mlaku rindik-rindik, isa ngguling –ngguling lan uga isa mlayu kanthi nglanggar apa wae kang dadi pepalang kang ana ing ngarepe.Kabeh polahe kuda mau gumantung marang jokine kang kuasa ngendaleni kuda mau. Polahe kuda tumpakan para prajurit perang iku mingka lambang/simbol nafsu jasmani manungsa. supaya manungsa iku kudu tansah sadar menawa jasmani, pancadriya, lan nafsu manungsa iku tansah dikendalani dening jiwa lan budine manungsa dewe kang dilambangake/disimbolake joki.Jiwa lan budi kudu tansah nguasani , ngatur, lan ngekang marang gejolak nafsu jasmanine sahengga manungsa bakal urip kang tentrem. Ananging menawa manungsa ora isa ngendaleni, ngatur, lan ngekang nafsune sahengga uripe liar, mangka bakal ngalami bencana.
  5. Curiga (Jarwadosoke Curi lan raga). Watu curi utawa watu lincipiku isa mbebayani tumrape jasmani utawa awake manungsa amarga ngancam jiwa kang ana ing raga ananging uga isa kanggo nglindungi awak saka bebaya kang bakal teka. Dadi gumantung seka ngendi anggone ndeleng.Curiga uga sinebut keris. Keris iku diginakake minangka gegamane para raja lan satria ana ing olahkridaning perang utawa latihan ngadepi perang. Keris iku mingka simbol kepinteran, keuletan, lan ketangkasan. Manungsa anggone ngadepi tantangan urip perlu tansah nggunaake pikiran kang lantip, mental kang ulet, sarta sikap kang tangkas lan trengginas sahengga isa ngadepi kahanan kanthi pas lan ore gampang diapusi dening manungsa liyane
  6. Kukila utawa manuk perkutut. Wong Jawa umume nduweni hobby ngingu manuk perkutut, tujuane supaya bisa dimanfaatake swarane kang merdu. Swara manuk perkutut kang isa “kung” ateges swarane manuk mau bener-bener merdu.sahengga isa nambah kesenengan lan kemareman atine kang duwe. Swara manuk kang merdu iku minangka simbol swarane manungsa kang kepenak dirungokake, maksude manungsa anggone ngucap lan celathu supaya kanthi becik, isine tegas, mentes, lan perbawa, sahengga kang diajak wicara bisa marem lan ngestokake. Kasakbalene manungsa supaya nyingkiri ucapan kang ndadeake lara ana ing atie liyan kang bisa njalari dadi pasulayan
  7. Waranggana utawa sinebut ronggeng. Ronggeng yaiku wanita kang koget ana ing sawijining arena utawa panggung kang jembar kang dikelilingi dening penonton. Sawijining penonton kang ketiban sampur kudu melu joget manut iramane ronggeng, supaya ronggeng tansah konsentrasi marang deweke, menawa ora mengkono , si ronggeng mau bisa kagoda dening penari priya papat cacahe kang ngiringi ana ing sakiwa tengene. Olah tari ronggeng iku minangka simbol menawa manungsa iku nalika nduweni gegayuhan kang luhur tansah ana godane. Wondene goda kang ana ing uripe manungsa iku ana patang werna, dilambangake/disimbolake penari priya cacahe papat, yaiku kapisan nafsu amarah, nafsu kang metu saka kuping utawa prangungu,kapindho nafsu aluamah, nafsu kang metu saka tutk utawa kenikmatan rasa utawa srakah, kateluy sufiah, nafsu kang metu saka mata utawa pandeleng, kapat mutmainah, nafsu kang metu saka irung utawa penciuman. Menawa budi manungsa isa ngekang patang nafsu mau , mangka gegayuhan kang luhur bakal gampang kasile sebab manungsa isa kadohake saka nafsu seneng-seneng lan nglokro.
  8. Pradangga (jarwadosoke praptaning kendang lan ngangsa). Seperangkat gamelan kang kaperang saka : kendhang, gambang, gender, penerus utawa saron lengkap, rebab, suling, kenong, kempul, lan gong. Saben-saben alat menawa dithuthuk bakal ngetokake swara kang beda-beda, sahengga menawa dithuthuk bareng tanpa aturan, tanpa laras bakal ngetokake swara hingar-bingar, ora karu-karuan, lan ora isa dinikmati.Ananging menawa dithuthuk nganggo aturan kang gumathok, kang laras bakal ngetokake swara kang mat utawa isa dinikmati. Gamelan mingka lambang/simbol masyarakat kang kaperang saka mayuta-yuta manungsa kanthi watak lan kekarepan dhewe-dhewe. Menawa saben wong bakal nuruti kekarepane dhewe tanpa manut aturan kang mlaku, mangka donya bakal kacau.Ana ing kahanan damai mangka saben wong dhuweni piguna dhewe-dhewe ana ing masyarakat.a ana sawijining w3ong kang ora dhuweni piguna, saben wong isa nyumbangake kepinterane dhewe-dhewe kanthi selaras lan harmonis, sarta manfaati tumrap warga liyane. yaiku kahanan urip kang tata tentrem karta raharja..

.Nanging, ana ing owah gingsiring jaman, masyarakat Jawa saiki rumangsa ngalami kangelan nggunakkake basa simbol kasebut amarga :

1. wus angel mahami basane, amarga akeh kang nggunakake basa krama inggil, malah uga basa Jawa Kuna,

2. Basa simbol kasebut ora diwulangake ana ing papan pasinaon kang formal, nanging mung digunakke ana ing lingkungan keluarga lan masyarakat.

Kamangka, istilah kasebut mujudake simbol, sahengga kanthi ungkapan kang ringkes nanging isa nduweni makna kang luas banget menawa dideleng saka sisi pemahaman aplikasi ana ing urip saben dinane. Nanging, pancen saperangan gede basa simbol kasebut diarahke marang kaum priya, amarga saliyane masyarakate isih paternalistik, uga kaum priya iku dianggep minangka penanggung jawab keluarga.

Kanthi perkembangan jaman, lan kemajuan ngelmu lan teknologi makna lan fungsi istilah-istilah kasebut ngalami owah gingsir. Kang dadi sebab yaiku : makna lan basa lambang kasebut ora mlebu ana ing ngelmu pendidikan, sahengga mung kanggo cecekelan urip tumrape wong Jawa. Sabanjure, uga kanthi anane pemahaman wong Jawa ngenani ngelmu agama, makna kang ana ing simbol-simbol iku mung dadi makna budaya tumrape wong Jawa (Agam)

No comments:

Post a Comment